Gereja St. Petrus & Paulus

Pamarta Gereja St. Petrus & Paulus Kelor, dan wilayah Semin, Gunung Kidul, Daerah Istimewa Yogyakarta.

Rabu, 08 Februari 2012

BILAI AKU, YEN ORA MARTAKAKE INJIL

Edisi: Ngahad Lumrah V/B
5 Februari 2012
Ds. Semin,Kec Semin,
Kabupaten Gunung Kidul, DIY

BILAI AKU, YEN ORA MARTAKAKE INJIL

Nyedaki mangsa Prapaskah tanggal 22 Februari mbesok (Rebo awu), Mas Paul (MP) wiwit ancang-ancang golek kasucianing urip. Semono uga Pakdhe Pitter (PP). Kekarone pengin nglelimbang isining kitab suci.

MP : Pakdhe…. Rasul Paulus ana ingwaosan kapindo minggu iki, serius ora yo? Lha yo edaan to, nek tenan??

PP : Edan piye, mas? Lha njenengan wae pangayomane santo Paulus to?

MP : Lha mangkane kuwi, pakdhe sing sepisan, anggone memulang ora golek kaluhuran nanging pancen wes dadi kuwajiban utawa tanggungjawab salumrahe murid Dalem Sang Kristus.

PP : Khan pancen mengkono to, mas! Mulang ki wes mbalung sumsum padha karo memangan, nek ra mulang yo awake dhewe cilaka kepara malah bisa mati.

MP : Iyo e pakdhe! Kuwi Paulus yo ngandakake mengkono! Sing ping pindhone, anggone memuang wae tanpa opah, piye jal? Arep dipakani apa jal brayatku? Nek lara, njur mlebu rumah sakit? Apa ya isa dibayar nganggo “memulang’? lha yo nganggo duwit to? Padala ora ana opahe?

PP : astapirullaaaahhh….lha koq kaya mengkono caramu mikir, mas?? Apa njenengan ki ora percaya marang Gusti sing tansah nyukupi kebutuhanmu?

MP : yo percaya, pakdhe!!! Percaya banget…..nanging…!!!

PP : Nanging apa??? Nek caramu mikir kaya mengkono, kuwi padha karo njenengan ora percaya marang Gusti, njenengan ora duwe iman!!!

MP : Koq isa mengkono, pakdhe! Njenengan aja ngajak sulaya aku loh!!

PP : Welah, mas! Ngelmu kuwi kelakone kanthi laku. Ngelmu iku sangsaya landep yen dipigunakake.

MP : Lha aku ki yo uwis ngunu je pakdhe! Aku duwe kapinteran, duwe kekuwatan, ya tak pigunakake je!mu ikusangsaya e iman!!!!ang Gusti sing tansah nyukupi kebutuhanmu?dipakani ap

PP : Iyo dipigunakake, nanging mung kanggo awakmu dhewe to? Kanggo brayatmu dhewe to? Njenengan migunakake kapienteran lan tenagamu, among kanggo sing bisa nyukupi kabutuhanmu, thok to, jane?

MP : Lha piye maneh, pakdhe! Khan yo wong bebrayatan ki butuhe akeh, malah kepara ora tau cukup je! Dadi yo…..??????!!!!! nek kira-kira ra ngasilake sing bisa nyukupi butuh, ya kosik-kosik nu! Mohon disori pakdhe! Dak cukupane sik brayatku gitu ..nek uwis, lagi….wong liya lan sawutuhe kanggo pasamuwan!

PP : halah…. Yo mbelgedes banget nu, mas! Jenenge kabutuhane manungsa ki ra tau entek, malah kaya virus, sangsaya suwe, rumangsane sangsaya abot, sangsaya rekasa, amarga ora gelem martakake injil, mas!

MP : Apa yo mengkono, pakdhe!

PP : lha apa, wulangane santo Paulus mau? “Bilai aku, yen ora martakake kabar kabungahan (injil). Lan Gusti Yesus piyambak uga ngandika “ Berdirilah dan pergilah, imanmu telah menyelamatkan engkau." (Luk 17:19). Mulane awake dhewe iki nabi.

Selasa, 07 Februari 2012

KIAMAT SUDAH DEKAT

Edisi: Ngahad Lumrah IV/B
29 Januari 2012
Ds. Kelor,Kec Karangmojo,
Kabupaten Gunung Kidul, DIY

KIAMAT SUDAH DEKAT

Wis pirang-pirang dina iki, Mas Paul (MP) ngrasakake yen hawane panas banget, ora awan ora mbengi. Saperangan sms sing mlebu yen “badai matahari” wes ngetokke efekke. Semono uga, Pakdhe Pitter (PP) uga ngrasakake sing padha.

MP : Pakdhe! Ki koq hawane puanas banget; apa pancen bener sing dies-em-es-ke wong-wong yen badai matahari ana tenan!

PP : Lha ncen ana tenan koq mas, kuwi wis kawit 2005 kapungkur.

MP : wee….apa tenan, pakdhe! Berarti kiamat ki ana tenan nu yo??

PP : Yailah…ya mesti ae to mas, mas! Mulaine ing wiwitane Gusti Yesue makarya khn martakake “padha martobata, kratoning Allah wus cepak!” kuwi mas!

MP : Apa iya bumi iki bakal lebur?

PP : Bentuke kaya ngapa aku yo ra ngerti gt. Ning sing cetha, tandha kiamat wis ana gitu.

MP : Apa kuwi, pakdhe!

PP : Wong wis suthik ngabdi marang Pangeran lan ora gelem agawe rename panggalih Dalem.

MP : Wedew… apa iya, pakdhe! Lha tangga teparone dhewe isih padha semangat anggone tindak nggereja, latian koor, sembahyangan pendhak minggu, kepara yo sembahyangan dhewe.

PP : Hahahaha…..pancen..!! pancen !!! Ning…apa kuwi tenanan agawe renaming panggalih Dalem??!!

MP : Maksude, pakdhe?

PP : Okelah tindak greja pendak Minggu, tapi apa ya tenanan le ndherek misa, lha wong hp wae suthik dipateni je, wedi nek Gusti Yesus tilpun, hapene mati.

MP : hmmm….

PP : Senggono uga yen latian koor, malah akeh wektu sing dinggo nyatur umat liya sing ra gelem melu kor.

MP : Kesumpulane, pakdhe???

PP : yo simpulna dhewe nu yo…..hehehe

MP : walah, pakdhe ki!!!

PP : durung maneh ki, yen dieting-etung 24 jam sedina, pirang jam sing kanggo ngabdi Gusti? Sing kanggo gawe renaming panggalih Dalem? Lan pirang jam sing kanggo nggatekaake prakara kadonyan?? Coba wis, dietung wae??

MP : yen aku ya, paling: sembahyang esuk 1 menit, sembahyang sadurunge mangan 1 menit ping telu (nek ra lali loh pakdhe!), melu misa harian 30 menit, njur sembahyangan sadurunge turu 1 menit. Dadi yo 35 m3nit pakdhe!

PP : njur liyane sing 23 jam 25 menit??

MP : lha ya mbuh pakdhe! Ngerti-ngerti wes ganti dina je!

PP : ngunu koq, ngarep-arep swarga!!

MP : wah ya, aja meden-mendeni ngunu pakdhe!

PP : coba lelimbangen waosan ll dina iki, mas!!

TOBAT!!!TOBAT!!!TOBAT!!!!

Edisi: Minggu Biasa III/B
22 Januari 2012
Ds. Semin,Kec Semin,
Kabupaten Gunung Kidul, DIY

TOBAT!!!TOBAT!!!TOBAT!!!!

Sawijining dina, Pakdhe Pitter (PP) mung turu bae nang kamar amarga lara untu. Mas Paul (MP) sing biasane jagongan, banjur niliki ana omahe. le ngrapal aja kleru, tur kanthi gumolonging ati, budi, jiwa, sakatoge kekuw

MP : Weh, pakdhe! Koq ngamar bae, ngapa to?

PP
: ugh….tobat..mas!! tobat..!! jiiiaaannn lara banget ki, lara untu..!!

MP : Walah…mbok dicabut bae to, pakdhe!

PP : wedi je! Biasane yo ra lara kaya ngene iki koq.

MP : kan biasane, pakdhe! Nek pancen wektune lara, ya mesti bakal lara banget. Mesti ra dirawat to, untune?

PP : Iyoo je, mas!!! Pokoke mung mangan ngombe telap-telep, ra tau dakpikir bab untu je.

MP : yo kuwi, pakdhe! Mulane urip ki dijaga, aja mung ngusrah-grusuh, apa-apa disikat, ning ra tau diopeni.

PP : Iyoo mas, tobat tenan aku, nek rasane kaya ngene iki, aku bakal ngrawat untuku tenanan, supaya ora lara maneh!

MP : ya semestine nu, pakdhe! Apa-apa ki kudu dirawat, dijaga, supaya ora rusak. Lha nek wes lara kaya ngunu kuwi, piye jal??

PP : iyoo mas, tobat tenan koq!!

MP : siiipp…pakdhe! Yen wes sadar ngono.

Ora let suwe, pakdhe Pitter wes mari saka anggone lara untu. Lan wes kumpul-kumpul maneh karo mas Paul kanca cedhake. Ananging, sabanjure, pakdhe Pitter wes lali maneh marang larane untu, banjur bali maneh nglakoni mangan ngombe telap-telep lan males anggone ngrawat lan njaga untune. Wes lali marang niyat sing makantar-kantar rikala ngrasakake larane sing banget marga untune

Mbokmenawa, “tobat-tobat” sing dikandhakake pakdhe Pitter mung lamis wae, utawa wen pancen bener mbokmenawa mbutuhake komitmen sing tenanan kanthi setya anggone mujudake “tobat-tobat”e.

Awake dhewe, mbokmenawa uga tau ngalami sing dialami pakdhe Pitter, yen ana ing swasana winatesing manungsa, awake dhewe duwe niyat martobat, bali maneh, eling marang Gusti. Ananging mung rikala “ing situasi winatesing manungsa”. Yen wes luwar saka situasi sing kaya mengkono, awake dhewe bisa lali marang niyat-niyat kuwi mau.

Martobat tegese, tansah setya anggone bali marang Gusti, pulih asih marang Gusti. Kuwi ngemu surasa yen awake dhewe anggone mbangun sikap tobat, ora mung sakdek-sakyek, ananging terus-terusan, supaya kanthi mengkono, awake dhewe sangsaya cedhak karo Gusti, lan pungkasane bisa manunggal karo Gusti.

Mula, tanpa sikap martobat, sengara awake dhewe bisa tetunggalan karo Gusti. Mula, Gusti Yesus ing wiwitan pakaryane, martakake “Padha Martobata!!” awit yaiku sing dadi dalan sepisanan anggone nampa kartoning Allah, dalan kanggo sarana bisa ngayuh manunggaling kawula kaliyan Gusti.

Martobat, perlu disempurnakake karo “ngandel marang injil utawa kabar kabungahan”. Kuwi ngemu teges, yen anggone awake dhewe bali marang Allah, ora bisa liwat dalan liya kejaba, kabar kabungahan, yaiku Sang Kristus, Gusti. Ngandel marang kabar kabungahan, tegese, awake dhewe kudu wani, anggone bali, tinuntun dening Gusti Yesus, wani pasrah bongkokan marang Gusti Yesus. Utawa tembung liyane, urip miturut apa sing dipangandikakake Sang Kristus, Gusti. Yen awake dhewe bisa mengkono, kuwi tegese awake dhewe dadi wong sing ngandel.u disempurnakake karo " anggone nampa kartoning Allah, dalan kanggo sarana bisa ngayuh manunggaling kawula kaliyan

Senin, 06 Februari 2012

J.A.P.A M.A.N.T.R.A

Edisi: HR. SP. Maria, Ibuning Allah

Hari Perdamaian Sedunia

01 Januari 2012
Kelor, Karangmojo, Kabupaten Gunung Kidul, DIY


J.A.P.A M.A.N.T.R.A


Setu pon wingi, Mas Paul (MP) ngrapal mantra kanggo nucekake dina wetone, paringane Pakdhe Pitter (PP)

MP : Pakdhe, piye to carane ngrapal mantra. Lha wingi wetonku rung sida kelakon je. Lha akiih, ra apal-apal.

“Niat ingsun pasa weton, sing pasa lair lan batinku. Kakang-kawah adi ari-ari, sedulurku papat keblat, lan kaima pancer, manjinga anunggil in jero badan sariraku, curiga manjing warangka, warangka manjing curiga, sun jumeneng roroning atunggil, dumung manunggal kalayan Gusti. Saka kersaning Gusti.”

PP : Mantra kuwi diapalke sing temen, aja nganti kleru. Nek kleru sithik wae, ra migunani.

MP : Weh…..lha koq susahmen to, pakdhe!

PP : Lha yo mesti wae, mas! Mantra ki ora baen-baen, kudu diniyati, nganggo laku prihatin barang, pasa lan sesirik.

MP : Wooo…ngono to pakdhe! Nek dilakoni tenanan, banjur lagi mandi to?? Mengko dakcobane, pakdhe!

PP : Yo kudu dilakoni, wong jenenge ngelmu kuwi, kelakone kanthi laku. Nek ora nggo laku, yo mubadir alias mubazir.

MP : Aja-aja, semono unga “donga” yo, pakdhe???? Donga ki yo kaya mantra, to?

PP : Ya iyalah, mas! Donga kuwi mantrane wong agami, wong sing duwe agama lan percaya marang Gusti Allah.

MP : Berarti, yo kudu dilakoni kanthi laku, gitukah???

PP : Bener banget mas, lan uga yo kudu apal tenan supaya le ngrapal aja kleru, tur kanthi gumolonging ati, budi, jiwa, sakatoge kekuwatan, gitu.

MP : Dadi….. sembahyang ki, pada karo ngramal mantra nu??

PP : yo……kurang luwih…..hmmmmmm!!!! kaya waosan sepisan dina iki….ngandharake mengkono.

BRAYAT KATULIK : BRAYAT PENDOA

Edisi: Minggu Adven IV/B
18 Desember 2011
Semin, Kabupaten Gunung Kidul, DIY


BRAYAT KATULIK : BRAYAT PENDOA

Nyedhaki riaya natal, Pakdhe Pitter (PP) nyiapake' hiasan natal ing ngomah. Pernak-pernik natal lan pohon natal dipajang.

PP : Natal wes cepak, yo mas?

MP : Yups, pakdhe! Tapi neng omahku ora dakpasangi pernik-pernik kaya ngene, lha raduwe duwit tur yo eman-eman duite.

PP : Halah, mas! Iki yo le tuku wes mataun-taun kapungkur koq. Daripada mung nggo susuh tikus mending dakpasang maneh.

MP : Hehe…ora kudu, to pakdhe? Sing penting khan sangsaya ngrasakake yen Gusti Allah kuwi tansah manunggal ing brayate dhewe.

PP : Weh… koq tumben mudeng, mas? Layak kwi dakcalonake dadi prodiakon?

MP : Walah, pakdhe! Dadi wong katulik sejati yo kudu paham bab riaya gedhe iki nu.

PP : Bener, mas. Lumantar Sang Kristus sing karsa dadi manungsa lumrah ana ing tengah-tengahing brayat sing sederhana, kepara malah ra duwe papan sing pantes kanggo Panjenengane, awake dhewe diteguhake.

MP : Nah, itu dia, pakdhe sing paling penting. Mulane brayat kuwi dadi papan wigati banget kanggo mbangun iman sing kuat, awit Sang Kristus sepisanan rawuh ana ing brayat.

PP : Iyo, mas! Aku uga sadar banget bab kuwi. Brayat dadi papan sepisanan kanggo mbangun iman. Yen brayat ora bisa mengkono, ndah kaya ngapa, sejatine wong katulik kuwi jan-jane.

MP : Aku sarujuk, pakdhe! Brayat kanggo papan sinau sembahyang, sinau sopan-santun lan tata kramaning urip. Apa maneh wektu-wektu iki ana kaprihatinan yen bocah-bocah jaman iki le da pacaran wes kebablasen.

PP : Aku tau maca ing Koran: Ing Gunung Kidul kene bocah-bocah sing during cukup umur, kepeksa nikah amarga “nabung” sik (hamil-red), ning “bunga”ne ora marakake “bunga’h.

MP : Mulane pakdhe, tantangan urip bebrayan jaman iki pancen kudu disikapi kanthi temenanan. Aja nganti anak-anake dhewe anggone pacaran ora alandhesan iman.

PP : Mangkane kuwi, mas! Wiwit adven iki lan sateruse, aku, mbokne bocah-bocah, karo anak-anakku dakejak sembahyang bareng pendhakdina, supaya ing pakaryan lan ing ngendi bae tansah dikuwasani dening Gusti.

MP : Sippp…. Pakdhe! Kuwi brayat katulik sejati.

PP : Lha yo wes samesthine brayat katulik pancen ngunu, koq mas. Brayat kang seneng ndedonga dadi beteng sepisanan kanggo ngadhedi jaman sing ngedohake awake dhewe marang Gusti. Aja nganti lirwa, sapa lirwa bakal cilaka. Yen wes cilaka anane mung gelo karo nelangsa.

MP : Aku khabeh lha yo, ora pengin ngunu, to?