Gereja St. Petrus & Paulus

Pamarta Gereja St. Petrus & Paulus Kelor, dan wilayah Semin, Gunung Kidul, Daerah Istimewa Yogyakarta.

Selasa, 21 Februari 2012

KANGGO GUSTI YESUS, ANANE MUNG “YA” KARO “YA” !!!

Edisi: Minggu Biasa VII
19 Februari 2012
Ds. Semin, Kec Semin, Kabupaten Gunung Kidul, DIY






Ngancik mangsa prapaskah Mas Paul (MP) wis ancang-ancang meh netepi puasa lan sesirik sing didhuwuhake Pamuwan suci. Semono uga Pakdhe Pitter (PP).

MP : pakdhe, suk Rebo wis rebo awu, aja lali nampa awu kanggo tandha pamartobat ingarsaning Allah. Yen lali bisa-bisa Gusti ora ngluwari saka paukumaning dosa, loh! Mangsa prapaskah uga dadi mangsa kanggo pasa lan sesirik supaya sangsaya bisa ngener Panjenengane.

PP : Betul… betul, Mas! Aku yaw is siap-siap pasa sesirik dina Rebo sesuk, njur nampa awu, uga pantang saben Jemuwah lan pasa Jemuwah agung.

MP : Padhaaa, pakdhe! Aku yo meh netepi pranatan kuwi je, Nek isa ya meh daktambahi ora mung dina-dina kuwi, ngiras-ngirus sinau laku prihatin kaya wong mbiyen, ben sakti… hahaha…

PP : halah… nek motipasine kuwi, kleru mas! Awake dhewe pasa sesirik supaya bisa sangsaya agawe kabecikan marang liyan, uga kanggo naliti batin, apa wis nindakake karsa Dalem Gusti, apa mung nuruti karepe dhewe thok, ana ing urip sing wis dilakoni, ngunu!

MP : weee…ngunu yo pakdhe! Aku pasane meh maem pisan thok ae pakdhe! Njur pantang udud…hehe

PP : Tenane, mas! Aja-aja mung obor-obor biarak, awal-awale semangat netepi, njur pertengahan tekan pungkasan bolong-bolong… hmmmm

MP : weehh..nek mangsa iki aku pengin tenanan,pakdhe! Pengen mujudake “dadi wong katulik sejati” hehe… kaya tema APP taun iki.

PP : Yo siiippp nek kuwi, aku yo sarujuk, mas! Sangsaya tenanan le pasa-sesirik, sangsaya bisa gawe kabecikan marang liyan, mas! Uga sangsaya nyata yen awake dhewe martobat tenanan.

MP : Lha koq isa, pakdhe??

PP : ya iyala, mas! Ngene loh, nek kowe pasa mung mangan sepisan thok, sedina (24jam), berarti jatahmu mangan liyane mlebu kotak APP, mas!

MP : wooo…ngunu to tegese ana kotak APP ki? Bearti “jatahku” sing saben dina daknikmati, lan dakurangi ing pasa-sesirik, daksisihake kanggo wong liya, ngunu?

PP : Yupiiii..mas! artine, yen saben dina jatahmu mangan sepisan kuwi dieting bae Rp.5.000,- berarti suk Rebo awu, kudu nglebokake jatah duwit mangan nang kotak APP = 2xmangan x Rp.5.000, yaiku Rp.10.000, pluunnggg….mlebu kotak APP. Semono uga pasa liyane.

MP : woo…begitu, lha yen pantang?

PP : Pantang yo padha bae. Mau khan pantangmu udud to? Kowe sedina (24jam) entek rokok pirang batang?

MP : 10 lencer, pakdhe.

PP : berarti, yen 10 lencer, ya dikira-kira bae, salencere regane Rp.700, Berarti pas pantang, nglebokake jatah udud kuwi awujud duit nang kotak APP = 10 lencer x Rp.700 = Rp.7.000…plluuunnggg…!!!

MP : Apa ya kudu dina kuwi le nyemplungake?

PP : Paling apik dina kuwi uga, mas! Lan aja nganti dijupuk maneh duwite sing wis dijemplungke. Yen nganti dijupuk kuwi tegese KORUPSI, semono uga yen le nyemplungke duwit nang kotak APP ngancik meh dikumpulake..kuwi yo KORUPSI. Apa maneh nganti njur ora dipisungsungake nang Pasamuwan..kuwi yo KORUPSI. Korupsi sing ora baen-baen…ngorupsi bandane Gusti Yesus…dosane gedhiiii buanget! Uripmu bisa-bisa ora binerkahan, mas.

MP : wah-wah...maturnuwun banget pakdhe! Pangerten iki dakeling-eling terus, supaya mangsa prapaskah iki aja nganti dadi supata kanggo uripku.

...................................................

Sumber gambar:

http://baltyra.com/2012/02/09/kita-ini-abu-dan-akan-kembali-menjadi-abu/

Sabtu, 11 Februari 2012

KEDANAN GUSTI YESUS: BERBAGI TAK PERNAH RUGI








Edisi: Ngahad Lumrah VI/B
12 Februari 2012
Ds. Kelor, Kec Karangmojo, Kabupaten Gunung Kidul, DIY

Dadi wong katulik sing sejati kudu peduli lan seneng andum berkah, apa maneh sing dadi wong-wong katulik kuwi wong jawa, luwih gampang le bisa dadi katulik sejati merga, ana padatan agung sing wis lestari ing tradisi jawa iki sing lagi diimbang-imbang Mas Paul (MP) sinambi udud karo ngunjuk kopi le nggawekke Pakdhe Pitter (PP).

PP : mas, mengko awan mrene yo kenduren, ki meh sukuran, merga panene kacang lumayan lah, mbokne bocah-bocah lagi gawe.

MP : weh, lha elok men, pakdhe! Nganggo kenduren barang, apa yo ra rugi to kuwi, panene khan yo ra cucuk nek nggo biaya kenduren?

PP : halah, mas! Kuwi ra dakpetung, aku bungah merga Gusti tansah ngayomi lan maringi kasil anggonku ngolah lemah. Sithik nek yo dakimbang-imbang: Gusti ora sare anggone paring rejeki kanggo aku sabrayat.

MP : siip, bwgus pakkdhe! Pancen yo kudu ngunu kuwi, sithik opo akeh, kuwi prakara kadonyan, sing luwih wigati, apa saka prakara kuwi, awake dhewe tetep bisa ngerteni yen Gusti tansah mitulungi?

PP : Bener mas, mulane mengko mrene yo, yo sithik-sithik aku pengin mbagekake “berkat” kanggo kadang kiwa tengen kene.

MP : Nah itu dia, pakdhe! Sego satumpeng dipara-para kanggo kabeh, karo gudhangan, iwak pitik secuil cilik, tur mung diwungkus nganggo godhong jati, ora nganggo piring emas, kuwi “dadi berkat” lha kuwi sing aku seneng mas.

PP : lha koq seneng?

MP : lha mergana dadi “berkat” kuwi mau… pranyata “berkat” kuwi ra kudu uakeh, ra kudu larang, ra kudu tuku / menyang mall utawa warung, apa sing diduweni, yen dibagi-bagi, dadi berkat. Iyo ora pakdhe?

PP : Bener banget, mas! Sego gudang diwungkus godhong jati wae dijenengi “berkat” mulane awake dhewe ki jane ora susah ya yen meh dadi berkat kanggo liyan.

MP : lha iyo to, pakdhe! Mung sing wigati, apa awake dhewe iki gelem dibagi-bagi. Dipara-para, ora kudu uakeh, nanging sithik-sithik, amarga raos syukur sing ndasari, kuwi dadi berkat.

PP : wah iyo yo, aku sangsaya mongkok ki le nyiapke uba rambe kanggo kenduren mengko awan. Ayo arep mbantu ora?

MP : Yo ayo, pakdhe! Sak isa-isaku dakbantu, supaya kabeh bisa kelakon.

..................................

Sumber foto: www.palingindonesia.com