Gereja St. Petrus & Paulus

Pamarta Gereja St. Petrus & Paulus Kelor, dan wilayah Semin, Gunung Kidul, Daerah Istimewa Yogyakarta.

Senin, 26 Maret 2012

KATULIK SEJATI: NETEPI DHAWUH DALEM GUSTI LAN ANGGER-ANGGER PASAMUWAN SUCI

Edisi: Prapaskah III/B
11 Maret 2012
Ds. Kelor, Kec . Karangmojo, Kabupaten Gunung Kidul, DIY

Dina iki, Pakdhe Pitter (PP) rumangsa disindir Mas Paul (MP) amarga tumindake sing during trep dadi jejering wong katulik, apa maneh sing sejati.

PP : Mas, jane kepriye to supaya pantes mlebu swarga?

MP : welah…Allah khan uwis maringi kisi-kisi utawa kunci-kunci jawaban supaya awake dhewe bisaa mlebu swarga, to?

PP : mosok, sih? Lha tekan saiki we aku rung ngerti dalane menyang swarga ki?

MP : Dalane utawa lawang kanggo mlebu swarga utawa mlebu nraka mung siji, pakdhe yaiku pati.

PP : waks… lha koq mung siji, to mas? Piye carane bisa ngerti yen kuwi lawang mlebu swarga, nu?

MP : ya nek kuwi, gumantung kunci sing mbokgawa gitu. Kunci kuwi sing kanggo mbukak lawang.

PP : lha njur carane ngerti kunci kuwi mbukak lawanging swarga?

MP : Hehehe…siji, tetepana dhawuh-dhawunging pangeran kang cacah sepuluh. Apal ra?

PP : wah, ana sepuluh, apa bae kuwi?

MP : walah…ra apal??? Lha kepiye anggonmu arep nindakake koq ura apal ki?

PP : Yo sesuk dakapalne!!

MP : walah, ngenteni sesuk,

PP : yoh, bar iki yo…njur sing ping pindho apa?

MP : ping pindhone, tetepane anggar-anggarning pasamuwan suci. Apal ra?

PP : waduh …ana to? Malah ra ngerti aku.

MP : ckckckckck…lha ngunu koq ngaku katulik??

PP : yo bar iki, aku dak ngapalke iki uga, wis! Njur apa maneh?

MP : ya kuwi sik ae, pakdhe! Kuwi bae sing minimal dadi yen 10 dhawuhing Allah lan 5 angger-anggering Pasamuwan ditetepi, kuwi wes isa gawe kunci kanggo mbukak lawanging swarga.

PP : Jane yo mung sithik, yo pakdhe? Mung 15 thok to, berarti?

MP : Bener, mung 15 thok koq pakdhe! Mulane yen uripmu isih dawa, kuwi dadi kesempatan kanggo nyinau 15 perkara kuwi, kepriye anggone netepi, setya nindakake supaya yen wancine awake dhewe kapundhut, wis nggawa kuncine mlebu swarga, yen ura, berarti sing mbokgawa berarti kunci lawanging naraka gitu.

PP : yo, yo, aku radha cetha saiki. Y awes, mas! Aku ndak mulih, nggolek dhawuhing Allah lan angger-anggering Pamamuwan kuwi, supaya yen aku bisa apal, aku kelingan terus. Yen kelingan aku bisa banjur nindakake apa sing marakake aku dhuweni kunci lawanging swarga.

MP : Siiipp….pakdhe! Kuwi tandhane wong katulik sejati.

Senin, 05 Maret 2012

YAIKI PUTRA-KU KANG KINASIH

Edisi: Prapaskah I/B

26 Februari 2012
Ds. Kelor, Kec . Karangmojo, Kabupaten Gunung Kidul, DIY








Ngancik mangsa prapaskah, Pakdhe Pitter (PP) lagi nimbang-nimbang tanggungjawabe dadi bapak ana ing brayat, luwih-luwih anggone mulan anak sacara katulik sejati le ngrapal aja kleru, tur kanthi gumolonging ati, budi, jiwa, sakatoge kekuw. Mas Paul (MP) sing weruh ulate pakdhe Pitter banjur marani.

MP : weh, saking pundi pakdhe??

PP : ki bar bae ngajari anakku nunggang motor. Lha mbesuk wis mlebu SMP, je!

MP : walah…. Meh ditumbaske motor, po pakdhe!

PP : ya, rencanane gitu, mas! Lha njaluk je, mosok bapak sing tresna karo anak, ra nukokake, ta?

MP : apa kudu ngono to, pakdhe? Nresnani kuwi ateges sapanjaluke anak kudu dituruti?

PP : lha piye maneh, mas! Bisaku mung ngono, je? Ngajari sembahyang, aku dhewe yo ora tau sembahyang. Meh ngajak sembahyangan lingkungan, aku dhewe ya mung kadhangkala. Meh dakjak misa harian, aku dhewe ya during duwe krenteg, gitu. Bisaku ya lagi iki, nyeneng-nyenengke anak.

MP : wooooo….mulane, lha iki mau jane khan misa lingkungan to, pakdhe! Lha dakbatin, iki pakdhe pitter, wong lingkungane ana misa, koq malah ngajari anak nunggang motor, kepriben kuwi.

PP : weeee… ana misa lingkungan, to mas iki mau? Waduh … map map, blass ra ngerti je.

MP : welah, khan neng jadwal lingkungan ya ana, nang nggreja ya diumumake, mosok ra ngerti blas??

PP : lhaa… dhek minggu aku ra mangkat je, mburu butuh, lagi panen gitu. Apa maneh udane medeni.

MP : woooo…yo pantes nek ngono. Mulane anak malah diajari kaya mengkono, ora diajari urip karohanen sing mapan.

PP : lha aku ki mung wong jubluk, wong bodho mas!

MP : lha nek ngrumangsani ngono, ya sinau, pakdhe! Yen ora sinau ya, aja nganti anakmu dadi kaya bapakne, dadi bodho ing babagan karohanen.

PP : iyo yo mas!

MP : waosan-waosan dina iki, ngelingke aku panjenengan, ngelingke aku panjenengan, nyen nresnani anak kuwi, ora ateges mung mburu apa sing agawe anak seneng, ananging kepriye pakdhe dhewe jejere bapak bisa sangsaya mujudake diri dadi bapak sing kristiani, kanggo anak-anak, ora malah ngedohake anak karo Gusti.

PP : njur kepriye, mas??

MP : yen pakdhe kuwi pancen nresnani anak, ya kudune dibombong melu PIA, melu misdinar, utawa kumpulan bocah-bocah, supaya sangsaya bisa chedak karo Gusti. Yen perlu, damping bocah-bocah kabeh, dikumpulake dijak sembahyangan, dijak kegiatan-kegiatan karohanian. Cucul duwit ya rapapa, lha wong cucul pulsa wae ora etungan koq, mosok meh cucul supaya anak cedhak karo Gusti malah etungan.

PP : wahh… ya aja mengkono, mas! Ya dakcobane yo, mas! Muga-muga aku bisa, lan iki bisa dadi tandha pamartobatku sing sejati.

MP : amiiiinnn…pakdhe!

........................................

sumber gambar:

http://cindydjagia.blogspot.com/2011/10/seberapa-seringkah-anda.html

Jumat, 02 Maret 2012

MARTOBATA LAN NGANDELA ING INJIL DALEM GUSTI

Edisi: Rebo Awu /B 22 Februari 2012
Ds. Kelor,Kec Karangmojo, Kabupaten Gunung Kidul, DIY







Mas Paul (MP) lan Pakdhe Pitter (PP) sabrayat padha gegancangan tindak greja saperlu nampa awu, pratanda pamartobat sing agawe lilihipung Gusti marang manungsa sing dosa. Karo-karone padha semangat, biasane tindak e greja bae ngepas wektune, dina iki luwih gasik, ngetokake sepiro gedhene semangat lan pangarep-arep.

MP : Pakdhe, muga-muga tandhane awu nang bathukku, ora kandel, luwih apik yen aja ngasik ketok…. Lha isin je.

PP : woalah…mas! Jiiiannn…mosok yo setaun pisan dicoreng nggo awu koq isin, ilang ngganthenge yo?

MP : ya iyalah, pakdhe! Lha mangkat nang ngreja mau aku wis adus ping pitu je, ben resiiikk tur wangi, ben gadis-gadis pada kepencut aq. Lha rung payu-payu ki?

PP : mas…! Mas…!! Nek awake diregeti, ora gelem, coba yen ngregeti ati, ngregeti pikiran, ngregeti sukmane dhewe, malah padha semangat!!

MP : maksude pakdhe??

PP : yen awake dhewe gawe dosa, khan padha karo ngregeti jiwane awake dhewe to? Mulane awake dhewe nampa awu ki kanggo ngelingake yen badan iki reget wae ora kepenak, ora nyaman, kudu diresiki saben dina, kepara esuk sore. Apa maneh jiwane awake dhewe, mas?? Kapan kowe ngedusi jiwamu?

MP : hehehe… aku wis mataun-taun ora nampa ngaku dosa je,pakdhe!!

PP : mulane kuwi mas! Badanmu ketok sehat, perkasa, kepara nggantheng, tapi jiwamu??? Wis klebu lansia kepara kudu diminyak suci marga ngancik sakratul maut, kari disembahyangke wong liya.e yen

MP : wah ya, aja ngunu kuwi pakdhe!

PP : Lha yen ora ngunu, njur kepriye, mas? Ngaku dosa ora tau, sembahyang pribadi yo yen lagi gelem, nampa sakramen, yo mung sakepenakke, apa ya sehat kuwi jiwane?

MP : yaaaa… jane bener, pangandikamu! Tapi….

PP : tapi apa mas? Mumpung kowe iseh enom, jane luwih becik maneh wis kawit mbiyen isih cilik, openana jiwa lan ragamu: jiwamu mlaku tekan swarga, ragamu kanggo mlaku mungkasi donya, gitu.

MP : hehe…iya ya, pakdhe!!

PP : mulane wiwit Rebo awu iki, lan sateruse, mirunggane mangsa prapaskah, dadi wektu kanggone awake dhewe mbangun kekuwatan supaya bisa laras karo sing wis ditindakake Gusti Yesus, nggegulang iman kanthi sembahyang sing akeh, pasa lan sesirik sing teratur, lan tumindak becik kanthi tulus marang sapa bae.

MP : ngunu, yo pakdhe, yo?

PP : ya kuwi tandhane wong katulik sejati. Yen aku ngarani nganggo tembung liya, wong katulik sejati kudu “metu”, kudu “ngetok”, sing ateges ora mikir awake dhewe ananging mikir wong liya, ora nimbang mung kanggo becike wong akeh. Mulane refren, “terlibat berbagi berkat” kuwi pas banget kanggo ngelingake awake dhewe mujudake wong katulik sejati.

MP : muga-muga, yo pakdhe! Berkah Dalem Gusti.

...........................................................................................................

sumber gambar: http://ofisi.dominikanid.org/wp-content/uploads/2012/02/lent.jpg