Gereja St. Petrus & Paulus

Pamarta Gereja St. Petrus & Paulus Kelor, dan wilayah Semin, Gunung Kidul, Daerah Istimewa Yogyakarta.

Senin, 05 Maret 2012

YAIKI PUTRA-KU KANG KINASIH

Edisi: Prapaskah I/B

26 Februari 2012
Ds. Kelor, Kec . Karangmojo, Kabupaten Gunung Kidul, DIY








Ngancik mangsa prapaskah, Pakdhe Pitter (PP) lagi nimbang-nimbang tanggungjawabe dadi bapak ana ing brayat, luwih-luwih anggone mulan anak sacara katulik sejati le ngrapal aja kleru, tur kanthi gumolonging ati, budi, jiwa, sakatoge kekuw. Mas Paul (MP) sing weruh ulate pakdhe Pitter banjur marani.

MP : weh, saking pundi pakdhe??

PP : ki bar bae ngajari anakku nunggang motor. Lha mbesuk wis mlebu SMP, je!

MP : walah…. Meh ditumbaske motor, po pakdhe!

PP : ya, rencanane gitu, mas! Lha njaluk je, mosok bapak sing tresna karo anak, ra nukokake, ta?

MP : apa kudu ngono to, pakdhe? Nresnani kuwi ateges sapanjaluke anak kudu dituruti?

PP : lha piye maneh, mas! Bisaku mung ngono, je? Ngajari sembahyang, aku dhewe yo ora tau sembahyang. Meh ngajak sembahyangan lingkungan, aku dhewe ya mung kadhangkala. Meh dakjak misa harian, aku dhewe ya during duwe krenteg, gitu. Bisaku ya lagi iki, nyeneng-nyenengke anak.

MP : wooooo….mulane, lha iki mau jane khan misa lingkungan to, pakdhe! Lha dakbatin, iki pakdhe pitter, wong lingkungane ana misa, koq malah ngajari anak nunggang motor, kepriben kuwi.

PP : weeee… ana misa lingkungan, to mas iki mau? Waduh … map map, blass ra ngerti je.

MP : welah, khan neng jadwal lingkungan ya ana, nang nggreja ya diumumake, mosok ra ngerti blas??

PP : lhaa… dhek minggu aku ra mangkat je, mburu butuh, lagi panen gitu. Apa maneh udane medeni.

MP : woooo…yo pantes nek ngono. Mulane anak malah diajari kaya mengkono, ora diajari urip karohanen sing mapan.

PP : lha aku ki mung wong jubluk, wong bodho mas!

MP : lha nek ngrumangsani ngono, ya sinau, pakdhe! Yen ora sinau ya, aja nganti anakmu dadi kaya bapakne, dadi bodho ing babagan karohanen.

PP : iyo yo mas!

MP : waosan-waosan dina iki, ngelingke aku panjenengan, ngelingke aku panjenengan, nyen nresnani anak kuwi, ora ateges mung mburu apa sing agawe anak seneng, ananging kepriye pakdhe dhewe jejere bapak bisa sangsaya mujudake diri dadi bapak sing kristiani, kanggo anak-anak, ora malah ngedohake anak karo Gusti.

PP : njur kepriye, mas??

MP : yen pakdhe kuwi pancen nresnani anak, ya kudune dibombong melu PIA, melu misdinar, utawa kumpulan bocah-bocah, supaya sangsaya bisa chedak karo Gusti. Yen perlu, damping bocah-bocah kabeh, dikumpulake dijak sembahyangan, dijak kegiatan-kegiatan karohanian. Cucul duwit ya rapapa, lha wong cucul pulsa wae ora etungan koq, mosok meh cucul supaya anak cedhak karo Gusti malah etungan.

PP : wahh… ya aja mengkono, mas! Ya dakcobane yo, mas! Muga-muga aku bisa, lan iki bisa dadi tandha pamartobatku sing sejati.

MP : amiiiinnn…pakdhe!

........................................

sumber gambar:

http://cindydjagia.blogspot.com/2011/10/seberapa-seringkah-anda.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar