Gereja St. Petrus & Paulus

Pamarta Gereja St. Petrus & Paulus Kelor, dan wilayah Semin, Gunung Kidul, Daerah Istimewa Yogyakarta.

Jumat, 02 Maret 2012

MARTOBATA LAN NGANDELA ING INJIL DALEM GUSTI

Edisi: Rebo Awu /B 22 Februari 2012
Ds. Kelor,Kec Karangmojo, Kabupaten Gunung Kidul, DIY







Mas Paul (MP) lan Pakdhe Pitter (PP) sabrayat padha gegancangan tindak greja saperlu nampa awu, pratanda pamartobat sing agawe lilihipung Gusti marang manungsa sing dosa. Karo-karone padha semangat, biasane tindak e greja bae ngepas wektune, dina iki luwih gasik, ngetokake sepiro gedhene semangat lan pangarep-arep.

MP : Pakdhe, muga-muga tandhane awu nang bathukku, ora kandel, luwih apik yen aja ngasik ketok…. Lha isin je.

PP : woalah…mas! Jiiiannn…mosok yo setaun pisan dicoreng nggo awu koq isin, ilang ngganthenge yo?

MP : ya iyalah, pakdhe! Lha mangkat nang ngreja mau aku wis adus ping pitu je, ben resiiikk tur wangi, ben gadis-gadis pada kepencut aq. Lha rung payu-payu ki?

PP : mas…! Mas…!! Nek awake diregeti, ora gelem, coba yen ngregeti ati, ngregeti pikiran, ngregeti sukmane dhewe, malah padha semangat!!

MP : maksude pakdhe??

PP : yen awake dhewe gawe dosa, khan padha karo ngregeti jiwane awake dhewe to? Mulane awake dhewe nampa awu ki kanggo ngelingake yen badan iki reget wae ora kepenak, ora nyaman, kudu diresiki saben dina, kepara esuk sore. Apa maneh jiwane awake dhewe, mas?? Kapan kowe ngedusi jiwamu?

MP : hehehe… aku wis mataun-taun ora nampa ngaku dosa je,pakdhe!!

PP : mulane kuwi mas! Badanmu ketok sehat, perkasa, kepara nggantheng, tapi jiwamu??? Wis klebu lansia kepara kudu diminyak suci marga ngancik sakratul maut, kari disembahyangke wong liya.e yen

MP : wah ya, aja ngunu kuwi pakdhe!

PP : Lha yen ora ngunu, njur kepriye, mas? Ngaku dosa ora tau, sembahyang pribadi yo yen lagi gelem, nampa sakramen, yo mung sakepenakke, apa ya sehat kuwi jiwane?

MP : yaaaa… jane bener, pangandikamu! Tapi….

PP : tapi apa mas? Mumpung kowe iseh enom, jane luwih becik maneh wis kawit mbiyen isih cilik, openana jiwa lan ragamu: jiwamu mlaku tekan swarga, ragamu kanggo mlaku mungkasi donya, gitu.

MP : hehe…iya ya, pakdhe!!

PP : mulane wiwit Rebo awu iki, lan sateruse, mirunggane mangsa prapaskah, dadi wektu kanggone awake dhewe mbangun kekuwatan supaya bisa laras karo sing wis ditindakake Gusti Yesus, nggegulang iman kanthi sembahyang sing akeh, pasa lan sesirik sing teratur, lan tumindak becik kanthi tulus marang sapa bae.

MP : ngunu, yo pakdhe, yo?

PP : ya kuwi tandhane wong katulik sejati. Yen aku ngarani nganggo tembung liya, wong katulik sejati kudu “metu”, kudu “ngetok”, sing ateges ora mikir awake dhewe ananging mikir wong liya, ora nimbang mung kanggo becike wong akeh. Mulane refren, “terlibat berbagi berkat” kuwi pas banget kanggo ngelingake awake dhewe mujudake wong katulik sejati.

MP : muga-muga, yo pakdhe! Berkah Dalem Gusti.

...........................................................................................................

sumber gambar: http://ofisi.dominikanid.org/wp-content/uploads/2012/02/lent.jpg

Tidak ada komentar:

Posting Komentar